MULA BUKANE
DESA KALIBOTO

Disusun Oleh
:
Wahib Adiyatma (31)
X MIPA 4
SMA N 1 PURWOREJO
2015/2016
Wahib Adiyatma (31)
X MIPA 4
SMA N 1 PURWOREJO
2015/2016
Mula Bukane diarani Desa Kaliboto
Rikala jaman
semana ana sawijining kraton kang aran Mataram Kuna. Ing salah sawijing
wewengkon ing kana ana desa kang aran desa Setinggil ( Siti inggil ) jeneng
desa setinggil iku mula bukane diarani desa kang duweni lemah utawa Siti kang
luwih dhuwur utawa inggil tinimbang desa liyane, desa Setinggil iku desa kang
makmur, jaya, santosa, amarga rakyate sing padha jujur lan nduweni bebuden kang
apik anggone bebrayan.
Ing sawijining dina ana kraton liya
kang nyerang kraton Mataram Kuna kang ndadekake bumi Mataram pecah belah dadi
pirang-pirang wilayah, nanging desa Setinggil nduwe karep amrih urip jaya
santosa maneh desa Setinggil ngedekake Kraton dewe kang aran kraton Setinggil.
Jaman biyen sing jenenge bangunan iku
ora liya akeh sing digawe saka bata. Kraton Setinggil uga mangkono kraton
iki digawe saka bata ing kabeh sudhut
ruangane.
Suwe
anggone kraton Setinggil urip mulya lan ing sawijining dina uga ana maneh
kraton liya kang gawe rusuh marang kraton Setinggil kang nyebabake kraton
Setinggil perang lawan kraton kang ngrusuhi mau. Kraton Setinggil kalah anggone
perang lan negara Setinggil diobrak-abrik dening kraton rerusuh mau.
Banjur
ing sawijining dina ana udan angin gedhe banget kang nyebabake banjir ing
wewengkon kono mau. Rerusakan, reruntuhan bangunan kraton Setinggil padha keli
ana ing kali sacedhake kono ora liya deretan kali Kodel, kali Bengkal .
Sasuwene
nang kono mau ora ana kauripan lan ana salah sawijining warga desa kang lagi
dolan lan nemokake akeh banget reruntuhan bangunan kraton Setinggil mau awujud
Bata kang nutupi aliran Kali. Banjur saka kadadean kuwi akeh warga desa padha
penasaran pengin nonton kaya apa wujude kali saiki lan saka kadadean kang
ditemokake salah sawijining warga kuwi mau mula warga kono gawe jeneng
wewengkon desa KALIBOTO yaiku kali kang katutupan dening bata.
EmoticonEmoticon