Sunday 25 October 2015

Pawarta Basa Jawa : Flying Object Research Center (FORCE)

Tags

Sugeng sonten pamiyarsa, pinanggih malih kaliyan kula Wahib Adiyatma wonten ing pawarta bahasa jawa terbaru. Pawartos sepisan menika dugi saking tlatah ngayogjakarta khususipun babagkan pendidikan. Pawartas candakipun badhe kula aturaken.

Flying Object Research Center (FORCE) kang anduweni anggota para Mahasiswa Teknik Mesin UGM kasil ngembangake teknologi pesawat tanpa awak utawi Unmanned Aerial Vehicle (UAV) ingkang dipunsukani nami 'Camar biru'. 

Damar Satria Guntoro salah satunggaling anggota FORCE ngendikakaken, pesawat ingkang sampun dikembangke salebetipun kalih taun menika nelasaken dana saageng Rp 25 yuta (selawe yuta rupiah). Pesawat niki dipundesain kaliyan ukuran 120 centimeter uga anteb 4 Kg. 
pawarta-bahasa-jawa-terbaru-2015

"Pesawat niki kita sedaya coba kanggo mabur salebetipun 10 menit tanpa kendhali remote control utawi autonomous. Namung kala numindakake take off uga landing dipunkendhalikaken langkung rumiyen kalian remote control," sanjanging sela ujicoba pisanan ing lapangan Grha Sabha Pramana UGM dinten Minggu (16/02/2015). 

Miturutipun, desain awal pesawat menika dipundamel ngginakaken bahan fiber. Nanging, saksampune dievaluasi, jebulna bahan kesebat kirang enteng konjuk saged dipunmaburaken. Sataun lajeng piyambake sedaya ngginakaken pesawat saking bahan ingkang langkung enteng saking fiber, kaliyan ngginakaken paduan komposit uga kajeng teles. 

"Alasane langkung enteng uga bisa diburke. Komponen badan uga sapay pesawat ngginakaken bahan saking lokal kemawon. Namung kemawon komponen elektronik ugo remote control taksih diimpor saking luar negeri. Konjuk softwaripun kita sedaya kembangake piyambak," sanjangipun. 

Dipunpertelakaken, pesawat camar biru sanguh dipunmaburaken kanthi otomatis amargi ngginakaken sensor ndhereki jalur lintasan ing udara kanthi titik kordinat GPS. Sawentara niku perangkat lunak konjuk kendhali pesawat menika ngginakaken software microsoft visual C++. "Program niki saged ningali posisi uga orientasi pesawat ugo kondisi baterai," criyosipun. 

Dr. Gesang Nugroho, salah satunggal saking angota dosen pembimbing ngginemaken ‘’Camar biru’’ dipunpepaki kaliyan kontroller, sensor, ugi sistem telemetri dadosipun saged mabur kanthi otomatis. "Camar biru niki ugi saged mabur kaliyan antawisipun 8 (wolung) kilometer, mabur kanthi cepete 60 km/jam. Kajawi punika, sanguh dipunginakaken ngrekam video kanthi langsung". 

Pesawat tanpa awak niki rencanane badhe terus dikembangkan kajengipun saget dipunginakaken konjuk kebetahan pantauan ana ing sekitar kados bencana, gunung merapi, alas, patroli daerah watesan, uga patroli segara.

Sumber : http://kumpulanceritabahasajawa.blogspot.co.id/2015/03/pawarta-bahasa-jawa-terbaru-2015.html


EmoticonEmoticon